Sumarating
pepadang cahya rembulan
Madhangi, urip ing kota Surabaya iki
Kang sampurna
Aku banjur iling
Mring kamardikan kang larang
Wengi sansaya
atis
Nalika padha
sesingidan
Ing sajroning
swara gamelan
Kang digawa
dening angin
Anggonmu kulak
nyawa
Nanging isih
mamring
Obormu kang
mekantar-kantar
Nyawa para pejuang, dadi tumbal
Tumbal, kabeh ora sia-sia
Perjuangane ora
satitik embun
Tanpa pawarta,
tanpa swara
Mlakumu ora
mantep
Anggonmu papan
perang
Jiwa lan raga, urip lan mati
Kabeh ninggalaken crita
Nganthi saiki, tetep abadi
Perjuangane,
Nggambarake ati kang tulus
Nduweni tekad kang mulya
Lan iling kang Sang Hyang Agung
Saben taun diiling-iling, nganthi
saiki
Sepuluh nopember
Sira pranyata, kamenangan pahlawan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar